Selasa, April 30, 2013

Bu, sesuk rasah dodolan neng pasar. Demo Wae!



Mawar Nakal : Bu, sesuk rasah dodolan neng pasar.

Ibunya Mawar Nakal : Lha ngopo?

Mawar Nakal : Dalanne mesti macet banget.
Melu demo wae..!

Ibunya Mawae : Demo opo?

Mawar Nakal : Kowe khan dodolan neng pasar ki sakjane yo buruh.

Ibunya Mawar : Buruh kepiye?

Mawar Nakal : Pokoke sesuk melu demo wae.
Rega bensin meh diundhakke, mangkat demo wae.
Bayangke wae Bu, nek rega bensi mundhak rego liyane mesti yo melu mundhak.
Nek opo-opo mundhak uripe tambah angel.

Ibunya Mawar Nakal : Rasah bensin. Kabeh ki yo ngono, mundhak siji mundhak kabeh.
Kowe saben dino dolan wae ngentekke bensin wae ibu mung meneng wae.

Mawar Nakal : Sesuk May Day, pokoke Ibu melu demo wae.

Ibunya Mawar Nakal : May Day kuwi opo.

Mawar Nakal : Mbuh, pokoke Ibu melu demo wae.

Ibunya Mawar : Kowe ngomong dema demo dema demo kuliahmu kuwi lho ra rampung rampung!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar